Tabah Sampai Akhir

Percoyo, tekadno, tanduren neng atimu sing paling jero, Kowe ora pernah nandur opo-opo Kowe ra bakal kelangan opo-opo Kowe gur ngelakoni sak titahe Gusti Sak kuatmu nandangi, sak kuatmu nangis, sak enteke eluhmu Sakbare kui, gedekkno sabarmu
Dendam ?
Lah piye, nek wes ngelawan sak kuatmu trus kowe arep ngopo maneh ? Bunuh diri ? Cupetmem pikiranmu, goblokmen utekmu, sekolah tekan sarjana kok iseh goblok, 
Kok koyo rapercoyo nek Gusti Kuoso

#tabahsampaiakhir
----------------
Loro atimu ?
Jare wong-wong wektu bakal ngobati loromu ? Tai ngasu, loromu yo obatono dewe, ikhlasno wong sing nglarani atimu, shalato, deloen wong-wong kui bakal nemoni opo? Deloen matamu picak po piye ? Asuuu

#tabahsampaiakhir
-------------------
Nyanyi ? 
Nyanyio kono, bengok2o sak karepmu, sing banter, muring-muringo, tapi ojo sebut loro atimu, ojo sebut jeneng-e wong2 sing ngrusak atimu, cukup sebuten : ASU, ASU, ASU

#tabahsampaiakhir
--------------------
Mabuk ? 
Halah, rumangsamu nek ngombe ngono trus mari, trus kahanan dadi apik, kono tukuo angur merah, kui kan ombemu pas ditinggal wong wedok mbiyen kan ? Ambune koyo utahan asu

#tabahsampaiakhir
--------------------
Ngerokok ?
Kono uduto ben koyo banci kono, deloen kono, ben opo? Ben dramatis koyo film korea ? Tai ngasu, rupamu ra mirip blas

#tabahsampaiakhir
--------------------
Gitaran ?
Nah, kui cocok, ayo wes nyanyi wae wes, opo lagu andalanmu ? Naff, terendap laraku,?kui udu lagu andalanmu, kui kareno kowe isone gur kuncu kui thok kan, rumangsamu aku rangerti

#tabahsampaiakhir
--------------------
Nggeguyu ?
Iyo geguyunen awakmu dewe, kan kui jare tingkat paling tinggi jare sujiwo tejo ?
Wes nggeguyuo, sak kuatmu ngguyu, sak kuatmu nyekakak, sak kuatmu kemekelen, pancen koweki lucu, tur ngguyoake

#tabahsampaiakhir
--------------------
Munggah gunung ?
Kono munggo gunung kono, trus anakmu mbok tinggal, kok goblok men awakmu, anakmu kui luwih utomo, dolanano ro anakmu wae, luwih berpahala

#tabahsampaiakhir
--------------------
Ngaji ?
Iyo,,ngajio wae sak kuatmu, memang nyandar maring Gusti kui lelaku sing utomo, Gusti sing moho rohman soho rokhim, kang ngratune sakabehane poro ratu, iyo iku Allah asmane iyo iku Allah asmane

#tabahsampaiakhir
--------------------

Post a Comment

0 Comments